Monday, February 18, 2013

GEGURITAN : WAYANGAN Dening R. Intoyo


WAYANGAN
Dening : R. Intoyo
Banyu telaga akinclong-kinclong
Kataman cahyaning Hyang Baskara
Jroning banyu katon mencorong
Wewayanganing surya ing akasa.
Grumbul miwah kekavon aroyom
Muwuhi asrining wewayangan
Sliwering manuk kang golek ijon
Kumelap angrengga pesawangan.
Nanging sawuse surup srengenge
Gambar ing telaga ilang musna
Kasaput sepi-samuning wengi.
Kaya mangkono ing sanyatane
Padhang-pelenge atining manungsa
Gumantung marang karsane hyang widi.
(kejawen, no. 88, 4 nopember 1941)

Silahkan Tinggalkan Pesan dan Komentar Anda di sini... ; ) Terima Kasih atas Kunjungan Anda...

HARAP JANGAN PANGGIL SAYA "MAS" KARENA OWNER BLOG INI SEORANG WANITA