Saturday, February 16, 2013

PEPAK BASA JAWA : TEGESE KERETA BASA LAN TULADHANE


KERETA BASA

Kereta basa utawa jarwa dhosok yaiku negesi tembung kapirid saka wancahan wandane, utawa nguthak-athik tembunge supaya mathuk.

Tuladha :

anak : kabeh kekarepane kudu ana lan sarwa kepenak
bapak : bab apa-apa sarwa pepak (ngelmune lan pengalamane)
batur : ngembati (nindakake) pitutur
bocah : mangane kaya kebo, pegaweane ora kena dicacah
brekat : apa-apa brak-brek banjur diangkat
cangkir : nyancang pikir
cengkir : kencenging pikir
Desember : gedhe-gedhene sumber
dongeng : dipaido ya keneng (kenging)
garwa : sigarane nyawa
gedhang : digedeng yen bar madhang
gelas : yen tugel ora kena dilas
gerang : segere wis arang-arang
guru : digugu lan ditiru
Januari : hujan sehari-hari
jaka : apa sing dikarepake kepengin enggal tumeka
kaji : tekade mung siji
kathok : diangkat mbaka sitok
kodhok : teka-teka ndhodhok
kutang : sikute diutang
krikil : keri ing sikil
kuping : kaku tur njepiping
kupluk : kaku tur nyempluk
kursi : mungkur anggone ngisi
mantu : dieman-eman meksa metu
maratuwa : mara-mara bereng wis tuwa
piring : sepi yen miring
prawan : yen pepara(lunga) ing wayah awan
sepuh : sebdane ampuh
semah : isen-isenne umah
sirah : isine rah (getih)
siti : isi bulu bekti
sopir : yen ngaso padha mampir
sruwal : saru yen nganti uwal ( ucul)
tandur : olehe nata karo mundur
tapa : tatane kaya wong papa (ora duwe apa-apa)
tarub : ditata supaya katon murub
tebu : anteping kalbu
tuwa : ngenteni metune nyawa
wanita : wani ditata
wedang : ngawe-awe kadang
weteng : ruwet tur peteng

Silahkan Tinggalkan Pesan dan Komentar Anda di sini... ; ) Terima Kasih atas Kunjungan Anda...

HARAP JANGAN PANGGIL SAYA "MAS" KARENA OWNER BLOG INI SEORANG WANITA