Monday, February 18, 2013

GEGURITAN: TEPA PALUPI

Tepa palupi
Kupu kekejar neng antariksa
Mbabar keendahaning elare
Ciptane mangsa anaa madha
Nandhingi ing bab kasantosane
Kasaru tekane si branjangan
Sigra nyamber kupu kemalungkung
Anggite tan ana bisa nglawan
Cukat, trampil kaya nogone nladung
Sumbare kukila kang deksura
“sapa baya kang wani prang tandhing.”
Nora ngerti yen ngisor ana janma
Ribut riwut nggoe masang jaring
Dahat suka kaki jaru pikat
Dupi mulat jarine ngenani
Batine: “eh branjangan keparat,
Aja sira nglawan marang mami.”
Juru pikat ngungulake dhadha
Kurang weweka tiba kesandung
Samengko lagi rumangsa papan
Tangane tugel sikile putung
Sambat melas asih juru ngala
” ah, banget kumalungkung aku iki
Yektine manungsa titah ina,
Sing kuwasa mung gusti pribadi.”
(panji pustaka, no. 17, xxii, i september 1946)

Silahkan Tinggalkan Pesan dan Komentar Anda di sini... ; ) Terima Kasih atas Kunjungan Anda...

HARAP JANGAN PANGGIL SAYA "MAS" KARENA OWNER BLOG INI SEORANG WANITA