Showing posts with label Geguritan. Show all posts
Showing posts with label Geguritan. Show all posts

Monday, February 18, 2013

GEGURITAN: Swara Gaib

Swara gaib
Dening : sr. Sumatra
Nuju sawijining wengi petenge ndhedhet kepati angin sumilir ndayani nyenyete pagan kang sepi
Pikiran nglambrang ngelangut lir surya katawang pedhut slira tanata kang tinut
Kadi sajroning sumaput
Mikir pepesthening dhiri rasa koncatan pambudi nenga sepa nungkul sepi
Lir uwuh kentir ing kali.
Urip mung, kakean taun parnbudi ambyar ngalarnun
Kramean karasa samun
Lair ngguyu : batin nuwun
Kadya paran wusanane
Yen manggung tansah mangkene j
Jagad tanata gunane
Kaendahan kanggep sepele.
Lintang-lintang dirgantara
Kumelap abyor warata b
Baya iku nulunga luware papa cintraka.
Dhuh angin ingkang sumribit tumempuh saguning uwit sambatku sundhul nglangit
baya watakmu nyenyengit
Pagene tan sung pitutur
Ring titah kang nuju kuwur
Nnityasa kojur kajujur
Nyawane yun karya tawur
Lah tanem tuwuh sakalir
Godhongmu ngrambah kumitir mak sar atiku kuwatir
Kira malaekat yun nguntir
Nyendhal mayang raring nyawaku pinundhut marang dewaku
Iho iki ana keprungu
Swara, gaib jroning kalbu.
Tetep tajawuh ian icukuh kuwat cobaning pakewuh ing tembe bakal tumuwuh katekan sagung ginayuh
( kejawen. No. 23, 21 maret 1941)


Read more »

GEGURITAN: TEPA PALUPI

Tepa palupi
Kupu kekejar neng antariksa
Mbabar keendahaning elare
Ciptane mangsa anaa madha
Nandhingi ing bab kasantosane
Kasaru tekane si branjangan
Sigra nyamber kupu kemalungkung
Anggite tan ana bisa nglawan
Cukat, trampil kaya nogone nladung
Sumbare kukila kang deksura
“sapa baya kang wani prang tandhing.”
Nora ngerti yen ngisor ana janma
Ribut riwut nggoe masang jaring
Dahat suka kaki jaru pikat
Dupi mulat jarine ngenani
Batine: “eh branjangan keparat,
Aja sira nglawan marang mami.”
Juru pikat ngungulake dhadha
Kurang weweka tiba kesandung
Samengko lagi rumangsa papan
Tangane tugel sikile putung
Sambat melas asih juru ngala
” ah, banget kumalungkung aku iki
Yektine manungsa titah ina,
Sing kuwasa mung gusti pribadi.”
(panji pustaka, no. 17, xxii, i september 1946)

Read more »

GEGURITAN : WAYANGAN Dening R. Intoyo


WAYANGAN
Dening : R. Intoyo
Banyu telaga akinclong-kinclong
Kataman cahyaning Hyang Baskara
Jroning banyu katon mencorong
Wewayanganing surya ing akasa.
Grumbul miwah kekavon aroyom
Muwuhi asrining wewayangan
Sliwering manuk kang golek ijon
Kumelap angrengga pesawangan.
Nanging sawuse surup srengenge
Gambar ing telaga ilang musna
Kasaput sepi-samuning wengi.
Kaya mangkono ing sanyatane
Padhang-pelenge atining manungsa
Gumantung marang karsane hyang widi.
(kejawen, no. 88, 4 nopember 1941)

Read more »

GEGURITAN : PEPAESING JALMA dening s. Wisnukuncaya

PEPAESING JALMA
Dening: s. Wisnukuncaya
Pra titan keh salah tampi
Ngira yen pepaesing janmi
Mung mutiara kang sarwiyadi
Myang busana endah keksi
Malah ing jaman samangkya
Manunggsa, kasmaran ngudi
Tambah kathaing paagadi-raga
Numpuk donya-brana-rukmi
Ngilmu-nyata kang kaeksi
Inguber kinekep-kekep
Ngelmi-batin panglaras budi
Sinepak tan keras nyecep
Keh jalma wasis mumpuni
lepas ngelmi-lahir sami
Nging tan eling mring wajibnva
Sung harja tentrem sesami
Dadiya katiplak angkara
Nyembah ngabdi iblis nepsu
Mung pecus cecetik latu
Maharani yudeng donya
Jatine jalmo utami
Warga bangsa mulaya tuhu
Tan kenging tinggal lelaku
Ngudi sampurnaning budi
Supados suk sagung janmi lahir batin
kang kuciwa jalma ngeti ing jalminya sung kerta raharjeng bumi
(penyebar semangat, no. 41, xvil 17 december 1947)

Read more »

Silahkan Tinggalkan Pesan dan Komentar Anda di sini... ; ) Terima Kasih atas Kunjungan Anda...

HARAP JANGAN PANGGIL SAYA "MAS" KARENA OWNER BLOG INI SEORANG WANITA