Friday, June 14, 2013

CERITA WAYANG: KURAWA LAN PANDHAWA

KURAWA LAN PANDHAWA
Raden Dhestarastha iku putrane Begawan Abiyasa. Duwe adi loro aran Raden Pandudewanata lan Raden Yama Widura.
Raden Dhestarastra krama karo dewi Gendari. Kagungan putra cacahe satus, ing antarane Duryudana, dursasana, dursilawati, Durmuka, Durmaganti,Citraksa, Citraksi, Kartamarma lan isih akeh meneh.
Gandheng cacah satus mula diarani Sata Kurawa. Bala kurawa iku racake duwe watak dengki, srei, jail, methakil, daksiya sapadha-padha. Sing diagungake tumindak dursila. Gandheng Raden Destharastra kuwi wuta sing dadi ratu ana Ngastina Raden Pandhudewanata.
Raden Pandudewanata krama karo Dewi Kunthi lan Dewi Madrim. Putrane cacahe lima yaiku: Puntadewa utawa Yudistira ratu ing Ngamarta, Werkudara utawa Bratasena satriya ing Jodipati,sing panengah Janaka uga aran Arjuna satriya ing Madukara. Dene sing waruju kembar aran Nakula karo Sadewa. Nakula satriya ing Sawojajar lan Sadewa satriya ing Bumi Retawu. Putrane Raden Pandudewanata diarani pandhawa amarga cacahe lima.
Pandawa lan Kurawa duwe guru yaiku Begawan Durna saka padepokan Sokalima. Sadurunge Prabu Pandhudewanata seda meling karo Raden Destharastra supaya NgASTINA besuk dipasrahake Pandhawa yen wis pada gedhe. Nanging Raden Destharastra mblenjani janji. Kraton dipasrahake marang raden Duryudana putrane sing gedhe dewe.
Pandhawa ora narimakake banjur njaluk baline kraton Ngastina. Prabu Duryudana sak sedulur cukeng ora gelem masrahake. Gandheng Kurawa kenceng ora gelem diajak apik-apikan, wusanane kapeksa Pandhawa ngrebut Kraton Ngastina sarana perang. Perange Kurawa lan Pandhawa mau diarani perang Barathayuda.

Silahkan Tinggalkan Pesan dan Komentar Anda di sini... ; ) Terima Kasih atas Kunjungan Anda...

HARAP JANGAN PANGGIL SAYA "MAS" KARENA OWNER BLOG INI SEORANG WANITA