Saloka yaiku unen-unen ajeg panganggone ngemu surasa pepindhan kang dipindahake
wonge.
Tuladha
Asu belang kalung wang : Wong ala (asor) ananging sugih bandha.
Asu gedhe menang kerahe : Luwih dhuwur pangkate, luwih gedhe panguwasane.
Ati bengkong oleh oncong : Wong duwe niat ala, ana sing nyarujuki, oleh dalan.
Baladewa ilang gapite : Ilang kekuatane.
Bathok bolu isi madu : Wong asor nanging sugih kepinteran.
Bebek mungsuh mliwis : Wong pinter mungsuh pinter, sijine kalah ubed utawa
kalah trampil.
Belo melu seton : Melu anut grubyug nanging ora ngreti karepe.
Cebol nggayuh lintang : Gegayuhan kang mokal bisane kelakon.
Cecak nguntal empyak/cagak : Gegayuhan kang ora timbang karo kekuwatane.
Dhandhang diunekake kuntul, kuntul diunekake dhandhang : Ala diunekake becik,
becik diunek-ake ala.
Dhemit ora ndulit, setan ora doyan : Tansah diparingi slamet.
Dom sumuruping banyu : Laku sesidheman kanggo nyumurupi wewadi.
Emprit abuntut bedhug : Prekara sepele dadi gedhe.
Endhas gundhul dikepeti : Wis kepenak isi dienak-enakake.
Gagak nganggo elaring merak : Wong asor (cilik) tumindak kaya wong luhur.
Gajah alingan suket teki : Lair lan batine ora padha bakal ketara.
Gajah ngidak rapah : Nerjang wewalere/janjine dhewe.
Gajah perang karo gajah kancil mati ing tengah : Wong gedhe pasulayan, wong
cilik dadi kurban.
Gong lumaku tinabuh : Wong sing kumudu-kudu ditakoni, dijaluki piwulang.
Idu didilat maneh : Menehi dijaluk bali (murungake janji kang wis diucapake).
Iwak klebu ing wuwu : Wong sing kena apus kanthi gampang.
Jati ketlusuban ruyung : Kumpulane wong becik kelebon wong ala tumindake.
Jaran kerubuhan empyak : Wis kapok banget.
Kacang ora ninggal lanjaran : Pakulinane anak lumrahe niru wong tuwa.
Kebo bule mati setra : Wong pinter nanging ora ana kang merlokake.
Kebo ilang tombok kandhang : Wis kelangan, isih ngetokake wragat kanggo
nggoleki.
Kebo kabotan sungu : Rekasa jalaran kakehan anak.
Kebo mulih ing kandhange : Wong lunga wis suwe, bali ing omahe maneh.
Kebo nusu gudel : Wong tuwa njaluk warah marang wong enom.
Kere munggah bale : Wong didadekake wong luhur.
Kethek saranggon : Sagrombolan wong tumindak ala.
Klenthing wadhah masin : Angel ninggalake pakulinan ala.
Kriwikan dadi grojogan : Prekara cilik dadi ngambra-ambra(gedhe).
Kutuk marani sunduk : Njarag marani bebaya.
Lahang karoban manis : Rupane ayu/bagus tur ya apik bebudene.
Lambe satumang kari samerang : Dituturi bola-bali tetep ora nggugu.
Legan golek momongan : Kepenak malah golek rekasa.
Opor bebek mentas awake dhewek : Rampung saka dayane dhewe.
Palang mangan tandur : Dipercaya malah gawe rusak
Pecruk tunggu bara : Dipasrahi tunggu sing dadi kesenengane.
Pitik trondhol diumbar ing pedaringan : Wong ala dipasrahi nunggu barang
pengaji, wekasan malah ngentek-enteki.
Satru munggwing cangklakan : Mungsuh wong sih isih sanak sedulur.
Sumur lumaku tinimba : Wong sing kumudu-kudu ditakoni.
Tekek mati ulone : Nemu cilaka jalaran saka guneme dhewe.
Tumbu oleh tutup : Wis cocog banget.
Timun mungsuh duren : Wong cilik mungsuh wong kang duwe panguwasa.
Timun wungkuk jaga imbuh : Wong bodho kanggone mung yen kekurangan wae.
Tunggak jarak mrajak, tunggak jati mati : Prakara ala ngabra-ambra, prekara
becik mung kari sethithik.
Yuyu rumpung mbarong ronge : Omahe magrong-magrong, sejatine kekurangan.
BEBASAN
Bebasan yaiku unen-unen ajeg panggone ngemu surasa pepindan kang dipindahake
sifate utawa kahanane wong.
Tuladha
Adol lenga kari busik : Andum barang marang wong liya nanging awake dhewe malah
ora keduman.
Aji godhong jati aking (garing). : Asor banget, ora ana ajine.
Ancik-ancik pucuking eri : Uripe tansah kuwatir.
Anggenthong umos : Ora bisa nyimpen wadi.
Angon ulat ngumbar tangan : Ngulatake kahanan jalaran arep gelem rekasane.
Arep jamuare emoh watange : Gelem kepenake nanging ora gelem rekasane.
Diwenehi ati ngrogoh rempela : Diwenehi ananging isih kurang trima, njaluk
maneh.
Dikena iwake aja nganti bitheg banyune : Kaleksanan panjangkane nanging ora
gawe kapitunan.
Emban cindhe emban siladan : Ora adil (pilih kasih).
Esuk dhele sore tempe : Ora teteg atine, gampang molah malih.
Gawe luwangan ngurugi luwangan : Golek utangan kanggo nyaur utang.
Golek-golek ketanggor wong luru-luru : Golek utangan malah diutangi.
Gupak pulud ora mangan nangkane : Melu rekasa ora ngrasakake kepenake.
Njagakake endhoge si blorok : Njagakake barang kang durug mesthi ana.
Kadang konang : Sing diaku sedulur mung sing sugih.
Ketepang ngrangsang gunung : Gegayuhan sing mokal bisane kelakon jalaran
kegedhen pejangka/kekarepan.
Kaya banyu karo lenga : Paseduluran sing ora bisa rukun.
Kakehan gludhug kurang udan : Kakehan omong nanging ora ana nyatane.
Kebanjiran segara madu : Oleh kabegjan kang gedhe.
Kegedhen empyak kurang cagak : Kegedhen panjangka kurang srana.
Kajugrugan gunung menyan : Oleh kabegjan kang gedhe.
Kekudhung walulang macan : Tumindak kanthi aling aling wong duwe panguwasa.
Kerot tanpa untu : Duwe kakarepan ora duwe sarana.
Kerubuhan gunung : Nemu kesusahan.
Kongsi jambul wanen : Nganti tuwa banget.
Madu bolu tanpa isi : Rebutan barang sepele.
Mrojol selaning garu : Wong kang luput saka bebaya.
Nglungguhi klasa gumelar : Mung kari nemu kepenake.
Ngubak-ubak banyu bening : Gawe rusuh ana ing papan kang wis tentrem.
Nguthik-uthik macan dhedhe : Gawe nesu wong kang wis lilih atine.
Nguyahi segara : Weweh marang wong sugih, saengga tanpa guna.
Nututi layangan pedhot : Nggoleki barang sepele, yen ketemu ora sumbut karo
rekasane.
Nyugokake bugel kayu sempu : Njagokake wong kang ora pinter, jalaran isih
sedulur.
Othak athik didudut tugel : Omongane sajak kepenak jebul angel ladenane.
Ora uwur ora sembur : Ora gelem cawe-cawe menehi pawitan apa-apa.
Pandengan karo srengenge : Mungsuhan karo wong sing duwe panguwasa.
Rebut balung tanpa isi : Padudon jalaran barang sepele.
Rindhik asu digitik : Nindakake pegawean kang cocog karo karepe.
Sandhing kebo gupak : Cedhak karo wong ala, nanging ing batin isih kepengin
nglakoni.
Sedhakep angawe-awe : Ninggalake tumindak ala, nanging ing batin isih kepengin
nglakoni.
Suduk gunting tatu loro : Nindakake pegawean sawarna, ananging asile luwih saka
siji.
Wis kebak sundukane : Wis akeh banget dosa kaluputane.
Yiyidan mungging rampadan : Biyene wong durjana/culika, saiki dadi wong sing
alim.
Silahkan Tinggalkan Pesan dan Komentar Anda di sini... ; ) Terima Kasih atas Kunjungan Anda...
HARAP JANGAN PANGGIL SAYA "MAS" KARENA OWNER BLOG INI SEORANG WANITA
var a_rc = 5; var m_rc = false; var n_rc = true; var o_rc = 100; function showrecentcomments(e){for(var r=0;r]*>/g;if(d=d.replace(v,""),document.write('
'),1==m_rc&&document.write("On "+m[parseInt(l,10)]+" "+u+" "),document.write(''+n.author[0].name.$t+" commented"),1==n_rc&&document.write(" on "+s),0==o_rc)document.write("