Kuldi di Momoti Jaran
Ana kuldi
dimomoti akeh, lumaku bebarengan jaran gedhe atine sarta legeh.
Pangucaping kuldi : “Dhuh, sangsara banget pepesthening
awakku, saking aboting gawanku pangrasa kaya penyet-penyeta.
Jaran mitraku, sarehne kowe iku rosa banget, aku duwe panjaluk, mayarna
sajroning kasusahanku, rewangana nggawa gegawanku ana rong bontot bae.
Dhuh, welasa ing pasambatku. Yen ora mangkono, mesthi aku ambruk mati
ana ing dalan. “
Jaranmangsuli : “ Satemene aku
ora nyana, yen kowe duwe panjaluk kaya mangkono marang aku. Kuping dawa ,
kowe iku tukon, pepesthenmu jaga momotan. Bangsaku luwih becik, mulane
aku colat-colot mubeng , ora ana kang munasika.”
Ora antara suwe, bareng padha lumaku
oleh seket tindak, kuldi kabotan momotan ambruk banjur mati. Jaran kang
ora maelu marang panjaluking kuldi tumuli kedhuwung, amarga ora nglakon