Saturday, February 16, 2013

TEGESE TEMBUNG MENGARTIKAN KATA DALAM BAHASA JAWA

-->











 Rawi = srengenge
hyang purnama = rembulan nedhenge bunder.
purnama sidi = rembulan wutuh tanggal 14, 15. , gunggung neptune dina lan pasaran iya 14, 15 upama jumat paing = 6 + 9 = 15, kemis pon = 8 + 7 = 15, rebo pon = 7 + 7 = 14, rebo kliwon = 7 + 8 =
ngancala = acala , gunung, giri, meru, parwata, prabata, hardi, ardi, redi, aldaka.
gumiwang = ngglewang.
kadarung = kadereng, kadreng, adreng
pangarcana = panembah, pakurmatan.
saniskara = sakabehe.
 Pinardiya = diperdi, diudi, diparsudi.
ngayati = miwiti
sidining sedya = sampurnaning sedya
sidikara = donga
disidikara = didongani
Tanggap = gita, gape
ora nanggapi = ora nggape.
nanggap wayang = nganakake tontonan wayang
tanggapan = tontonan
tanggap warsa = wiyosan
tanggap sabda = wangsulan karangan ing layang kabar
naketi = nyaketi, nyedhaki
dumipeng rat = dipa + um ing rat = sumorot ing jagad
graning arga = pucaking gunung
wilis = ijo
aldaka = gunung
larut = ilang, katut ilining banyu
mirut = mengkeret
tedhuh = 1. timbreng; 2. mendhung; 3. lerem tumrap prahara.
kalindhih = kendhih, kalah
tanpa sesa = tanpa tilas.
 Sembari = sinambi
 Uler kambang (wangsalan) = lintah
Bau kapine = ora adil, pilih asih emban oyod emban cindhe
sanggyaning kang tumuwuh = sakabehing titah
tumameng masakala = teka ing sawektu-wektu
pinuntu = dipikir kanthi jero
demang = lelurahing bekel, sesebutaning sawenehing abdi dalem
demang ngiras tangkilan (pr)= dhayoh ngiras dadi peladen.
mene = sesuk
brat = birat = ilang
Beran = sawah beran, sawah bera
 Berag = 1. Seneng-seneng; 2. Wis brai, wis diwasa.
ngingirih getih = nresiki getih, ngilekake getih
ngirih kalen = ngresiki kalen.
kukila = manuk
mina = iwak
misaya mina = golek iwak
 Nartani = mbarengi
kalintang = katon
mathekel katon kucinge = mathekel katon otote gedhe.
ris = aris , alon.
tembeyayan = tembeyan, sapisan
 Kadang konang (pr) = seduluran sing diaku mung sing sugih.
mangsa silih sundhula = mangsa nganti padhaa.
nadhah = pangan
 Ngong = ingong, ingsun, aku.

Silahkan Tinggalkan Pesan dan Komentar Anda di sini... ; ) Terima Kasih atas Kunjungan Anda...

HARAP JANGAN PANGGIL SAYA "MAS" KARENA OWNER BLOG INI SEORANG WANITA