Showing posts with label Tembang. Show all posts
Showing posts with label Tembang. Show all posts

Saturday, February 16, 2013

SERAT WULANGREH DHANDHANGGULA :Anggitan : Ingkang Sinuwun kanjeng Susuhunan Paku Buwana IV Senapati Ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama ing Surakarta Hadiningrat

 

Serat Wulangreh

Anggitan :
Ingkang Sinuwun kanjeng Susuhunan Paku Buwana IV Senapati Ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama
ing Surakarta Hadiningrat.

Dhandhanggula.

1.
Pamedhare wasitaning ati,
cumanthaka aniru pujangga,
dhahat mudha ing batine,
nanging kedah ginunggung,
datan wruh yen akeh ngesemi,
ameksa angrumpaka,
basa kang kalantur,
tutur kang katula-tula,
tinalaten rinuruh kalawan ririh,
mrih padhanging sasmita.

Tegese tembung :
pamedhare = pamulange, ngandhakake, membicarakan.
medhar sabda = sesorah, pidato.
wasita = warsita, wursita, wewarah, piwulang, nasehat.
cumanthaka = kumawani, kumendel, memberanikan diri.
dhahat = banget, sangat.
mudha = bodho, balilu, punggung, bodoh.
ginunggung = gunggung + in = dibombong, dibesarkan hatinya.
angrumpaka = nganggit, ngripta, mengarang.
kalantur = kaladuk, ngayawara, omong kosong.
katula-tula = ngrekasa, asor, ora ana ajine.
rinuruh = ruruh + in = 1. pasuryan kang semu dhungkluk >< style="color: rgb(51, 51, 255);"> ririh = lirih, alon, pelan.
sasmita = sandi, kode, isyarat.


2.
Sasmitaning ngaurip puniki,
mapan ewuh yen ora weruha,
tan jumeneng ing uripe,
akeh kang ngaku-aku,
pangrasane sampun udani,
tur durung wruhing rasa,
rasa kang satuhu,
rasaning rasa punika,
upayanen darapon sampurna ugi,
ing kauripanira.


Tegese tembung:
ewuh = ribet, ora kepenak, repot.
tan jumeneng = ora ngenggoni, ora mangerteni, tidak mengetahui.
udani = weruh, tahu, faham.
darapon = supaya, supadi, supadya, supaya.


3.
Jroning Qur'an nggoning rasa yekti,
nanging ta pilih ingkang uninga,
kajaba lawan tuduhe,
nora kena den awur,
ing satemah nora pinanggih,
mundhak katalanjukan,
temah sasar susur,
yen sira ayun waskitha,
sampurnane ing badanira puniki,
sira anggegurua.

Tegese tembung :
yekti = temen, sesungguhnya, sebenarnya.
uninga = weruh, tahu.
satemah = wusanane, akhirnya.
katalanjukan = ora bener, ora pas, tidak benar

4.
Nanging yen sira nggeguru kaki,
amiliha manungsa kang nyata,
ingkang becik martabate,
sarta kang wruh ing kukum,
kang ngibadah lan kang wirangi,
sokur oleh wong tapa,
ingkang wus amungkul,
tan mikir pawewehing lyan,
iku pantes sira guronana kaki,
sartane kawruhana.


Tegese tembung:
wirangi = wara' , wong kang ngedohi larang (maksiat), jauh dari perbuatan dosa.
amungkul = temen, putus, nora mangro tingal, istiqomah

5.
Lamun ana wong micareng ngelmi,
tan mupakat ing patang prakara,
aja sira age-age,
anganggep nyatanipun,
saringana dipun baresih,
limbangen lan kang patang,
prakara rumuhun,
dalil kadis lan ijemak,
lan kiyase papat iku salah siji,
anaa kang mupakat.

Tegese tembung:
micareng = micara + ing , mulang, ngandhakake, berbicara tentang.
mupakat = cocok, setuju, cocok.
nyatanipun = benere, benar.
baresih = resik, tliti, teliti.
limbangen = dipikir, ditandhingake, ditimbang.
rumuhun = dhisik, terdahulu.
dalil = hukum adhedhasar Al Qur'an
kadis = hukum adhedhasar pangandikane, tindake Kanjeng Nabi
ijemak = hukum adhedhasar pamanggihe para ulama.
kiyas = hukum adhedhasar lelakon kang nate kedadean.


6.
Ana uga kena denantepi,
yen ucul saka patang prakara,
nora enak legetane,
tan wurung tinggal wektu,
panganggepe wus angengkoki,
aja kudu sembahyang,
wus salat katengsun,
banjure mbuwang sarengat,
batal karam nora nganggo den rawati,
bubrah sakehing tata.


Tegese tembung:
legetane = dadine, wusanane, isine perkara(?)
angengkoki = bener, jumeneng, pada tempatnya.
katengsun = garisku
kat = khat = garis.
sarengat = syari'at, aturan agama kang kudu dilakoni.
den rawati = diopeni, dipelihara.


7.
Angel temen ing jaman samangkin,
ingkang pantes kena ginuronan,
akeh wong jaja ngelmune,
lan arang ingkang manut,
yen wong ngelmu ingkang netepi,
ing panggawening sarak,
denarani luput,
nanging ta asesenengan,
nora kena den wor kakarepaneki,
papancene priyangga.


Tegese tembung:
samangkin = saiki, sekarang.
ginuronan = diguroni, digurui.
jaja = adol, menjajakan.
asesenengan = manut karepe dhewe-dhewe, menurut kehendaknya pribadi.
kakarepaneki = kakarepan + iki = karepe iki, kehendaknya
papancene = jatah, takdir.
priyangga = dhewe, sendiri.

8.
Ingkang lumrah ing mangsa puniki,
mapan guru ingkang golek sabat,
tuhu kuwalik karepe,
kang wus lumrah karuhun,
jaman kuna mapan si murid,
ingkang padha ngupaya,
kudu anggeguru,
ing mengko iki tan ora,
kyai guru naruthuk ngupaya murid,
dadia kanthinira.


Tegese tembung :
mangsa = waktu, jaman, waktu.
sabat = sahabat, murid.
naruthuk = thruthukan, pergi kesana ke mari.
ngupaya = golek, mencari.
kanthinira = bature, rewange, muride, muridnya.

Read more »

TEMBANG MACAPAT DHANDHANGGULA : Pethikan saka : Burat Sari II, S Prawiradihardja

DHANDHANGGENDHIS

1
Dhedhet tidhem prabawaning ratri
 sasadara wus manjer kawuryan,
 tan kuciwa memanise,
 menggep Sri Nateng dalu
 sinewaka sanggyaning dasi
aglar neng cakrawala
 winulat ngelangut
prandene kabeh kebekan
 saking kehing taranggana kang sumiwi
 warata tanpa sela

2. Kinalangan kekuwung ngawengi
ilir wewengkon bale Mandhakiya
 pasewakaning Pamase
 jroning kalang kadulu
 kang sumewa pareng neng ngarsi
 mung punggawa sajuga
 Harya Panjersurup
 pramukyaning taranggana
 kang sawega rumeksa pringganing ratri
ngayomi hayuningrat


3. Tan petungan panjrahing wadya lit
 arahane awor mawurahan
ngapit narmada prenahe
 jro petenging Serayu
 angragancang Sang Bimasakti
 nyuwak tutuking naga
 kang sikareng laku
 yeku mangka pralampita
 mrih mengeta kang mantep tetep ing budi
 widada kang sinedya


4. Nekawarna pangkating wadya ji
nora worsuh tataning sewaka
gumolong gegelengane
 ..................... , pandomaning para mong tani
gelaring panangkilan
 rinakit waluku,
wuluh wuku lan kukusan
 gubug penceng malencat wor lanjar ngirim,
mangro lakuning mangsa.




5. Kang sumewa luhuring udadi,
 pan pinindha dhapuring giyota,
 pra nangkodha pandomane,
 de kang dadya pituduh,
pamardine kang ulah kardi,
 sinamar neng busana,
 kasarireng Prabu,
 jroning praba marakata,
sinung tandha pindha widadari ngantih,
 neng soring wringin sungsang..

6. Kang saweneh punggawa piniji,
 asung penget pangreksaning raga,
 ing masa roga praptane,
 yeku Harya Kumukus,
 manjer dwaja neng pancaniti,
 tangeh yen winursita,
 satataning dalu,
 dungkap luwaring sewaka,
Jaka Belek merem melek melik-melik,
sasmita minta nendra..

7. Samantara wus banguning rawi,
 Hyang Purnama meh manjing ngancala
gumiwang surem sunare,
sawung pareng kaluruk,
 kapiyarsa melung-melungi,
 mring kang kasuwen nendra,
 ywa kongsi kadarung,
 mengeta mring pangarcana,
angluhurna gunge kawasaning Hyang Widdhi,
 kang nitah saniskara..

8. Dyan umimba punggawaning ratri,
 riyap-riyep ri Sang Panjer Rina
lir pasrah pangawasane,
 denya rumekseng dalu,
 pangasoning sagung dumadi,
wus sedheng pinardiya,
ngayati panggayuh,
 iyeging panambut karya,
datan liyan Hyang Surya kang mirowangi,
tuduh sidining sedya.

9. Tanggap mulat Hyang Harga naketi
dumipeng rat ambabar prabawa,
 sumirat-sirat sorote,
 mega sinungging wungu,
 graning arga pinulas wilis,
 samantara kawuryan,
 Hyang Surya wus mungup,
 ngancik pucaking aldaka,
 larut mirut tedhuhing dalu kalindhih,
sumeblak tanpa sesa..

10. Anglur selur lakune wong tani,
 sareng mangkat maring papasaran,
pating krengkot pikulane,
 weneh sikep waluku,
maring tegal sawahe sami,
 si Gundhul nethek kandhang
 kebone pinecut,
 ngucul sarwi tinumpakan,
ngenak-enak neng gigir marep neng wuri,
 sembari ura-ura.


11. Melang-melung lelagon ginurit,
 alon bae “hir hir kiya kiya !”,
 uler kambang satitahe,
nora napa kesusu,
yen narima karsaning pasthi,
lakune wis jinangka, jangkahe den ukur,
kesusu amburu apa,
 yen wong murka anggake kudu ndheweki,
wus turah durung nrima..


12. Nora menget adile Hyang Widdhi,
denya mandum jatining pangrasa,
 tan pisan baukapine,
 sanggyaning kang tumuwuh,
 binageyang legi lan pait,
 nadyan silih darbeya
wisma lir swargagung,
 kinunci kancing kencana,
nora wurung susahe nlesep nusupi,
 tumameng mangsakala..


13. Yen pinuntu pantoging gyat yekti,
 nora suka murka ngangsa-angsa,
 anjangka kang kae-kae
 karana kang tinemu,
 nora liya suka lan sedhih,
 demange nora beda,
lan si Gindhulpacul,
mene seneng mene susah,
yen narima sudahe mirut sumingkir,
 rampung tanpa prakara..

14. Ayem guyem kang kaya wak mami,
 repet-repet wus berag neng beran,
 ngadhang segering srengenge,
molah nglalatih balung
, ngulur otot ngingirih getih,
lir kukila neng tawang, mina neng jro kedhung,
 sajege sun dadi bocah,
 durung wikan rasaning badan nglelentrih,
 mung bingar tyas pirena..

15. Temah tuwuh segere nartani
lengeningsung kiyale kalintang,
 mathekel katon kucinge,
 keneng sawabing ebun,
kang sinebar ing maruta ris,
woring sorot tembeyan,
 doyananing banyu,
 Hyang Surya tan kadang konang,
 denya mandum prabane sinami sami
, tan mawang milih janma..


16. Lamun ngelak ingong darbe warih,
kang sumreweh nuting padhas gempal,
wening tur sumyah rasane,
 sakehing kang sinebut,
 omben-omben ingong kilani,
 mangsa silih nyundhula,
lan segering banyu,
 mengko nadhah lan janganan,
sambel rawit lalaban timun lan metir,
 segane beras anyar..


17. Setham-sethom segere kapati
 yen wus enak weh kuwating raga
 apa maneh jalukane,
sore ngong mapan turu,
aneng lincak lambaran widhig,
mrenah wurining damar,
 sumamar neng ngundhuk,
tentrem rasaning tyas ingwang,
mung kumandel kinemulan ing Hyang Widdhi,
 bleg-seg tanpa mirasa.


Pethikan saka : Burat Sari II, S Prawiradihardja



Read more »

Wednesday, February 13, 2013

DOWNLOAD TEMBANG-TEMBANG JAWA- CAMPURSARI-LANGGAM JAWA


Para kadang saged ngunduh kathah tembang Jawi saking internet. Link-link menika mugi saged dipun dadosaken sumber kangge ngunduh tembang-tembang Jawi...

Read more »

Silahkan Tinggalkan Pesan dan Komentar Anda di sini... ; ) Terima Kasih atas Kunjungan Anda...

HARAP JANGAN PANGGIL SAYA "MAS" KARENA OWNER BLOG INI SEORANG WANITA