Showing posts with label Langgam. Show all posts
Showing posts with label Langgam. Show all posts

Tuesday, June 4, 2013

KUMPULAN LANGGAM JAWA, TEMBANG CAMPURSARI: KATRESNANKU


lgm. KATRESNANKU
Ciptaan : S.Harsono
Vokal : Tedjo & Endah
Produksi : Dasa Studio


pr:
Opo pancen wis lali saiki
Opo pancen ora ngerti
Sliramu sing tak tresnani
Rino wengi dadi ati

Opo pancen wis tego atimu
Opo pancen ra rumongso
Sliramu nate ngendiko
Tansah setyo ora bakal cidro

lk :
Aku ra bakal lali nganti tekan saiki
Ora bakal lali
Aku ugo mangerti tresnomu kang sejati
Ora mung aneng lathi
Aku ra bakal tego
Aku ra bakal cidro
Ora bakal cidro
Aduh aduh kusumo
Manik ing roso tresno
Tejane jiwo rogo
pr :
Janjimu tak enteni duh kangmas
Nganti tumekaning janji
Sineksen langit lan bumi
Yo mung kangmas memenir ing ati

reff :
kembali ke atas…opo pancen…
sumber video http://www.youtube.com/watch?v=uZJjywXmDEk

Read more »

KUMPULAN LANGGAM JAWA: NUSUL


Lgm.Nusul
Ciptaan : Gesang
Vokal : Nurhana
Produksi : Dasa Studio


Lha kae nusul
Sajake ulate njegadul
Mripate mbrebes mili
Anehe nyedhaki njiwiti
Tekad-te nusul
Jarene waton bali kumpul
Galake dimareni
Rewele ora dipindhoni
Godha ning ndalan
Eman-eman yen mulih dhewe
Biso kelangan
Katut setan sing ngganggu gawe
Lumrahe kaul
Jarene dumeh wis disusul
Solahe ngrangkul-ngrangkul
Padune sumelang yen ucul
REFF :
kembali ke atas
sumber video http://www.youtube.com/watch?v=paJEff4URf8

Read more »

KUMPULAN LANGGAM JAWA: SETYO TUHU


Lgm. Setyo Tuhu
Ciptaan : Ki Narto Sabdo
Vokal : Manthous & Sunyahni
Produksi : Dasa Studio


Lk(bowo):
Pamintaku.., nimas sido asih..
Atut runtut.., tansah reruntungan..
Ing sarino.., sawe..ngine..
atan kenggang sak ram..but..
Lamun.. , adoh caketing a..ti..
Yen cedhak tansah mu..lat..,
Sido asih tuhu..
Pindho mimi lan mintuno..
Yo nimas.., barengan netepi wajib..
Sido asih.. be..,bra..yan..

Pr :
Aku kang setyo satuhu,
Wit biyen, dadi saiki
Bebasane, peteng kepapak obor sumunar..
Andhiko pangayomanku,
Lahir batin, ku wus noto
Mung sajake, andhiko semune kurang reno..
Tondho yekti, paseksene rikalane
Ngangkat awrat, mlampah tebih datan lesu..
(mugi rahayuo..)
Mugyantuk berkahing widi,
Andhiko mung tansah limpat,
Payuwunku, sedyo-o tansah anglam-lami
sumber video http://www.youtube.com/watch?v=BegfiS8S9qo

Read more »

KUMPULAN LANGGAM JAWA, TEMBANG JAWA: LOROBRONTO

Lorobronto
Ciptaan : S.Darmanto
Vokal : Sunyahni
Produksi : Dasa Studio


Yen kelingan mring sliramu, aduh..
Kadyo rinujid atiku,
Yen siang tansah katon ngalelo,
Dalu datan biso nendro..
Opo sliramu wis lali tenan,
Dek semono nate janji,
Nedyo arep urip bebarengan,
Bungah susah dilakoni..
Nanging aku ora ngiro,
Yen sliramu, bakal cidro
Bareng saiki wis mulyo, banjur.. kromo..
Ora nganggo, ora nganggo kondho, kondho..
Wis pestine lelakonku, aduh..
Aku mung kudu narimo,
Sopo kang biso, paring usodo
Nggonku nandang lorobronto..
reff :
Nanging aku ora ngiro,
Yen sliramu, bakal cidro
Bareng saiki wis mulyo, banjur.. kromo..
Ora nganggo, ora nganggo kondho, kondho..
Wis pestine lelakonku, aduh..
Aku mung kudu narimo,
Sopo kang biso, paring usodo
Nggonku nandang lorobronto..
sumber video http://www.youtube.com/watch?v=FZph2cK5CUs


Read more »

KUMPULAN LANGGAM JAWA, CAMPURSARI :GETUN NGANTI PIKUN


Lgm. GETUN NGANTI PIKUN
Ciptaan : Tlonteng Santoso
Vokal : Nonik Aprilia
Produksi : Dasa Studio


NALIKO PISAN KETEMU
eSEMU DADI GREGETING ATIKU
AKU RA NGLEGEWO
SIRO TEKO KONDHO TRESNO
LARANE ATIKU IKI
ORA NYONO LUNGO CIDRO JANJI
LELAKON KAWURI
MUNG TANSAH NGRERIDU ATI
ANTUK JAMPI LUWIH MANIS
NADYAN NAMUNG LAMIS
RASAKU ANTUK TOMBO
ORA NGIRO USODO DADI MEMOLO
DUH GUSTI NIKI KEPRIPUN
DITUTURI KULO MBOTEN PURUN
RINTEN DALU NUWUN
DADI GETUN NGANTI PIKUN
REFF :
kembali ke atas..naliko pisan…
sumber video http://www.youtube.com/watch?v=xLNT9STkrfI

Read more »

Silahkan Tinggalkan Pesan dan Komentar Anda di sini... ; ) Terima Kasih atas Kunjungan Anda...

HARAP JANGAN PANGGIL SAYA "MAS" KARENA OWNER BLOG INI SEORANG WANITA