Friday, January 3, 2014

LAGU CAMPURSARI PENYANYI-DIDI KEMPOT

Ciptaan : Didi Kempot
Vokal : Didi Kempot
Produksi : IMC Duta Record



Bisaku yo mung menyanyi,
Kanggo wong sing tak tresnani..
Adol sworo ora isin tak lakoni,
Nganti suk kapan aku ra ngerti..
Aku nyanyi lagu iki,
Lagu suaraning ati..
Golek pangan adol sworo tak lakoni,
Nganti suk kapan aku ra ngerti..
Lagu iki lagu nasibe uripku,
Lagu iki lagu tangise batinku..
Aku nyanyi karo nangis mbrebes mili,
Rasane nganti garing lambeku iki..
Yo mung gitar sing ngancani,
Nulis lagu rino wengi..
Tanganku nulis manut karepe ati,
Lagu iki kanggo wong sing tak tresnani..
reff:
Ya ya ya ya ya..
Ya ya ya ya ya..
Lagu iki lagu nasibe uripku,
Lagu iki lagu tangise batinku..
Aku nyanyi karo nangis mbrebes mili,
Rasane nganti garing lambeku iki..
Bisaku yo mung menyanyi,
Kanggo wong sing tak tresnani..
Adol sworo ora isin tak lakoni,
Nganti suk kapan aku ra ngerti..


sumber video http://www.youtube.com/watch?v=xgzcWGeuSEI

Silahkan Tinggalkan Pesan dan Komentar Anda di sini... ; ) Terima Kasih atas Kunjungan Anda...

HARAP JANGAN PANGGIL SAYA "MAS" KARENA OWNER BLOG INI SEORANG WANITA