Wednesday, January 9, 2013

TUGAS BAHASA JAWA : BERITA BAHASA JAWA


Welasan Hektar Laladan Pasabinan  Kembengan Toya

Kamis, 03 January 2013 | 20:10 WIB
 
Bena, Welasan Hektar Laladan Pertanian Kembengan Toya


Bantul, www.jogjatv.tv - Jawah deres sedalu natas ing Kabupaten Bantul boten namung nuwuhaken bebaya siti jugrug. Welasan  hektar laladan pasabinan ing sungapaning lepen  opak wewengkon  Kecamatan Kretek Bantul, pranyata  ugi kembengan toya jalaran bena.  Wonten pandugi jalaran kembengan toya, laladan pasabinan ing wewengkon aksebat badhe nehami gagal panen.  
Makaten punika kawontenanipun laladan pasabinan ing padukuhan baros, Kelurahan Tirtohargo, Kecamatan Kretek, Bantul ingkang celak kaliyan sungapaning lepen opak. Jawah deres wiwit dinten Rebo sonten dumugi dinten Kemis enjing dayani toya  lepen opak bludag, satemah ngembengi welasan hektar  pasabinan ingkang dipun tanemi pantun punapadane  palawija kadosta   terong, kacang prol lan  gambas. 
Sawenehing kadang tani ingkang sabinipun kembengan toya jalaran bena ing lepen opak, jayadi, namung saged pasrah dhateng kawontenan. Sinaosa sabinipun asring kablabak bena, ananging bena samangke kawawas ingkang ageng piyambak jalaran lebetipun toya gayuh sadhengkul, lan boten tumuli asat.  Manawi ngantos benjing toya dereng asat, tartamtu badhe kathah kadang tani nemahi gagal panen. 
Pangajabipun kadang tani supados jawah deres sakalangkung dangu boten dumados malih ing sakiwa tengening lepen opak lan toya, satemah bena tumuli surut, lan kadang tani boten nandhang kapituanan ingkang sakalangkung kathah.

Silahkan Tinggalkan Pesan dan Komentar Anda di sini... ; ) Terima Kasih atas Kunjungan Anda...

HARAP JANGAN PANGGIL SAYA "MAS" KARENA OWNER BLOG INI SEORANG WANITA