Showing posts with label Tembung. Show all posts
Showing posts with label Tembung. Show all posts

Monday, February 18, 2013

PEPAK BASA JAWA: UKARA TANDUK


PEPAK BASA JAWA

1. Ukara tanduk yaiku ukara sing jejere nglakoake pakaryan
Tuladha :
-    Ibu tindak dhateng peken
-         Bapak maos koran
-         Eyang nembe tilem
-         Adhik mangan roti

Read more »

Saturday, February 16, 2013

BEDANE TEMBUNG "nyuwun" LAN "nuwun"



Tembung nyuwun lan tembung nuwun linggane suwun. Nanging trap-trapane sing beda. Lumrahe tembung nuwun magepokan karo barang sing ora kasat mata , upamane : matur nuwun, nuwun sewu, kula nuwun, nenuwun. Sanajan ngemu teges njaluk nanging ora melok.
Trap-trapane  tembung nuwun :
  1. Kula matur nuwun sanget dene panjenengan sampun kersa rawuh ing rompok kula (Saya sangat berterima kasih bahwa anda sudah mau dhatang ke rumah saya). Ora matur nyuwun utawa matur suwun. Mung pancene ing wilayah Surabaya sakiwa tengene akeh-akehe masyarakat migunakake tembung “matur suwun” , “matur kasuwun” utawa dicekak wae “suwun”.
  2. Pak Supardi ngaturaken atur panuwun dhumateng para tamu (Pak Supardi memberikan ucapan terima kasih kepada para tamu). Ora “atur panyuwun” utawa “atur pasuwun.”
  3. Yen mlebu omahe wong liya kudu kula nuwun dhisik (Apabila masuk ke rumah orang harus permisi dahulu).
  4. Kita kedah tansah nenuwun dhumateng Gusti Kang Murbeng Dumadi minangka sesembahan kita (Kita harus selalu berdoa kepada Tuhan Yang Maha Pencipta sebagai sesembahan kita)
  5. Nuwun sewu, menapa menika dalemipun pak Sastra? (Mohon ijin, apakah ini rumah pak Sastra ?)
  6. Kula nuwun, sinten ingkang wonten nglebet ?

Tembung nyuwun lumrahe ngemu surasa “njaluk” kang melok.
Trap- trapane tembung “nyuwun” :
  1. Nyuwun duka, kula boten mangertos (Mohon maaf, saya tidak tahu). Nyuwun duka tegese njaluk didukani jalaran saka ora ngertine utawa ora bisa menehi jawaban. Ora nuwun duka.
  2. Kula badhe nyuwun priksa dhateng pak guru bab wucalan matematika (Saya akan bertanya kepada pak guru tentang pelajaran matematika).Nyuwun priksa tegese njaluk apa diweruhi . Tembung iki minangka krama inggile takon.  Ora nuwun priksa utawa suwun priksa.
  3. Kula nyuwun pangapunten dhumateng para pamiyarsa (Saya mohon maaf kepada semua pendengar).
  4. Kula minangka sesulih namung nyuwun gunging sih samodra pangaksami (Saya sebagai wakil hanya mohon maaf yang sebesar-besarnya).
  5. Kula nyuwun arta dhateng bapak kangge tumbas pit (Saya minta uang kepada bapak untuk membeli sepeda).
  6. Menawi badhe mlebet gedhong menika kedah nyuwun palilah rumiyin dhateng ingkang jagi (Apabila mau masuk gedung ini harus minta ijin dahulu )
  7. Kula namung nyuwun sewu kemawon, boten kalih ewu (Saya hanya minta seribu saja, tidak dua ribu).

Read more »

TEGESE TEMBUNG ENTAR,SANEPA LAN SAROJA


TEMBUNG ENTAR, SANEPA, LAN TEMBUNG SAROJA


Tembung Entar
Tembung entar tegese. Tembung silihan utawa tembung kang duwe teges ora salumrahe utawa saligune. Yen ning bahasa Indonesia asring kasebut “bahasa kiasan” .
Tuladhane:
·  Abang kupinge         : nesu banget
·  Abang-abang lambe : ora temenanan
·  Baling liring             : nglirik mripat
·  Bening atine             : sumeh
·  Cancut taliwanda     : tandang gawe
·  Cupet atine               : gampang nesu
·  Dadi gawe                : ngrepotake
·  Gadho ati                 : gawe susah ati
·  Jembar kaweruhe     : akeh ngelmune
·  Kuwat drajad           : cocok dadi pemimpin
·  Lara ayu                   : lara cacaren
·  Mata dhuwitan         : srakah marang dhuwit
·  Padhang dalane        : mlebu surge
·  Udan tangis              : akeh sing padha nangis
·  Mogel ilate               : mangan sing sarwa enak

Sanepa
Sanepa tegese unen-unen bangsane pepindhan lan ajeg panganggone ngemu surasa mbangetake nanging nganggo tembung sing tegese kosok baline karo karepe.
Tuladha:
·  Arang kranjang        : kerep banget
·  Arang wulu kucing  : akeh banget
·  Arum jamban           : banger/mambu banget
·  Pait madu                 : legi banget
·  Atos debog              : empuk banget
·  Jero tapak meri         : cethek banget
·  Abang dluwang       : pucet banget

Tembung saroja
Tembung saroja, tegese loro padha utawa meh padha tegese di enggo bebarengan.
Tuladha:
·  Abang mbranang
·  Adhem ayem
·  Bagas waras
·  Breh weh
·  Campur bawur
·  Duga prayoga
·  Edi peni
·  Jabang bayi
·  Kabur kanginan
·  Lega lila
·  Raja pati
·  Sabar drana
·  Uba rampe


Read more »

PEPAK BASA JAWA: TEGESE "RURA BASA" LAN TULADHANE

RURA BASA

Rura basa yaiku basa sing luput ananging dianggep lumrah ana ing basa padinan.

(BASA SALAH, NANGING KAANGGEP BENER)
Tuladha:
v 
adang sega sing bener adang beras supaya dadi sega
v 
mangan awan sing bener mangan sega ing wayah awan
v 
mbunteli tempe sing bener mbunteli dhele godhog kang wis dirageni
v 
menek klapa sing bener menek wit klapa
v 
mikul dhawet sing bener mikul angkring isi wadhah dhawet
v 
ndheplok gethuk sing bener ndheplok tela supaya dadi gethuk
v 
ndhudhuk sumur sing bener ndhudhuk lemah kanggo gawe sumur
v 
ndondomi klambi sing bener ndondomi bakal digawe klambi
v 
nganam klasa sing bener nganam pandhan/mendhong digawe klasa
v 
ngethok gedhang sing bener ngethok wit gendhang
v 
nguleng sambel sing bener nguleg lombok sakbumbune digawe sambel
v 
nunggu manuk sing bener nunggu pari supaya ora dipangan manuk
v 
nyangking banyu sing bener nyangking ember isi banyu

Read more »

Silahkan Tinggalkan Pesan dan Komentar Anda di sini... ; ) Terima Kasih atas Kunjungan Anda...

HARAP JANGAN PANGGIL SAYA "MAS" KARENA OWNER BLOG INI SEORANG WANITA