Showing posts with label Kumpulan Cerita Dongeng Jawa. Show all posts
Showing posts with label Kumpulan Cerita Dongeng Jawa. Show all posts

Friday, June 14, 2013

KUMPULAN DONGENG JAWA: ULA LAN BADHAK

Ula badhudhak lan landhak

Ing nalika môngsa adhêming angin, ana ula badhudhak katisên bangêt, mubêng golèk pandhêlikan ora olèh. Wasana katêmu karo landhak kang bêcik kalakuane, anyalathoni mangkene: mêsakake têmên kowe iku, angin iki ora bêcik ingatase awakmu, olèhmu andharodhog kôngsi kaya godhong katêmpuh ing angin, ayo mênyang êrongku, supaya olèha angêt ing sawatara.
Calathu mangkono iku anuju karêpe ula badhudhak, banjur enggal nêlosor lumêbu ing êrong. Saking bangêt lêmune, êrong cilik kôngsi kacakan saparone, kang
duwe êrong ora kaduman panggonan. Barêng dayoh kang katisên wus angêt, ora pisan kawêtu calathune awèh panrima tuwin arêp lunga, kaya kang wus dadi patute, malah ngenak-enak ngalêkêr bae. Landhak anuli calathu: saiki wus wêngi, lan wus mangsane kowe lunga. Anamu ing kene sadhela andadèkake bungahku, ananging saiki lungaa, ing besuk-besuk balia manèh, kowe iyo wêruh dhewe, yèn êrong cilik iki sêsak dak ênggonana karo kowe. Ula badhudhak amangsuli: hêm, dadi kowe angira yèn sêsak, satêmêne, êrongmu iki luwih prayoga, wruhanamu kisanak, aku kapenak ana ing kene, lan ora sumêdya lunga, mulane akal-akala golèk panggonan kang jêmbar.
Êliding dongèng mangkene: sanajan [sanaja...]

wong gawe kabêcikan kêrêp anêmu wêwalês ala, iya uga aja mèngèng anglakoni panggawe bêcik ing salawase, mung diawas marang wong kang bakal kobêciki


Sumber : kumpulandongengjawa.blogspot.com

Read more »

KUMPULAN DONGENG-CERITA BAHASA JAWA : Ki Ageng Kedungsari

Ki Ageng Kedungsari

Ki Ageng Kedungsari yaiku wong kang paling dihurmati ing daerah Gebog. Daerah kuwi anane ing Kabupaten Kudus. Dheweke seneng banget amarga duwe anak lanang sing bagus lan gagah prakasa. Nalika anake wis gedhe, Ki Ageng Kedungsari duwe kepenginan ngawinake anake. Ananging anake ora gelem amarga durung ana bocah wadon kang trep ana ing atine. Banjur Ki Ageng Kedungsari njaluk tulung marang sedulure supaya nggolekake prawan sing pantes dadi bojone anake. Let pirang-pirang dina Ki Ageng Kedungsari entuk warta saka sedulure, yen ana prawan saka daerah Jepara sing ayu banget. Dheweke anake Ki Ageng Rajekwesi.
Banjur kulawargane Ki Ageng Kedungsari nyiapake ubarampe maneka warna kanggo digawa menyang Jepara. Ki Ageng Kedungsari atine sansaya bungah banget amarga rumangsa dheweke wong sing paling sugih lan dihurmati wong akeh.
Nalika wis tekan nggone Ki Ageng Rajekwesi, ning kana wis disiapake maneka warna panganan lan omben-omben. Uga ana gamelan lan bocah-bocah wadon kang lagi mbeksa. Sawise njagong ngalor ngidul, banjur utusane Ki Ageng Kedungsari kandha yen Ki Ageng Kedungsari arep nglamar anake wadon Ki Ageng Rajekwesi, kanggo anake lanang Ki Ageng Kedungsari.
Krungu mengkana kuwi, Ki Ageng Rajekwesi mung mlengeh. Banjur ngendika yen anake wadon kuwi mung gelem dilamar karo wong lanang sing menehi mas kawin kang arupa gajah, “Mula kandhakana marang Ki Ageng Kedungsari”.ngendikane Ki Ageng Rajekwesi.
Pangandikane Ki Ageng Rajekwesi katrima kanthi leganing ati marang utusane Ki Ageng Kedungsari. Amarga utusane kelingan yen Ki Ageng Kedungsari duweni gajah. Banjur utusane Ki Ageng Kedungsari bali menyang Kudus.
Nalika wis tekan Kudus, Ki Ageng Kedungsari wis duwe pangangen-angen yen lamarane marang anake Ki Ageng Rajekwesi bakal katrima. Sunyatane malah Ki Ageng Kedungsari kudu menehi gajah kanggo mas kawin, yen kepengin lamarane katrima marang Ki Ageng Rajekwesi. Uga suwe nggone mikir, nanging amarga rasa tresnane marang anake, dheweke nglilakake gajahe kanggo mas kawin.
Banjur warta kuwi kasebar tekan ngendi-endi, yen Ki Ageng Kedungsari nglikake gajahe kanggo mas kawin. Warta kuwi uga krungu dening Ki Ageng Menawan. Ananging atine serik krungu warta yen Ki Ageng Kedungsari nglikake gajahe kanggo mas kawin. Mula Ki Ageng Menawan ngrancana arep ngrampog utusane Ki Ageng Kedungsari sing arep menyang Jepara. Ki Ageng Menawan uga nggolek bala sing jenenge Ki Watu Gede. Ki Watu Gede uga seneng banget nalika dikandhani rancana kuwi. Mengko yen wis entuk hasil rampogane, Ki Watu Gede entuk kabeh bandha sing dirampog, banjur Ki Ageng Menawan entuk gajahe.
Ora let suwe, utusane Ki Ageng Kedungsari wis ngleboni daerah kuwasane Ki Watu Gede. Utusane Ki Ageng Kedungsari wis wiwit waspada amarga wis ngleboni daerah kuwasane wong liya.
Nalika utusane Ki Ageng Kedungsari lagi padha ngaso Ki Watu Gedhe lan Ki Ageng Menawan ngrampog bandha lan gajahe Ki Ageng Kedungsari. Banjur para utusane Ki Ageng Kedungsari padha tandhing karo Ki Ageng Menawan lan Ki Watu Gede. Tetandhingan kuwi ora ana sing kalah, ora ana sing menang.
Banjur Ki Ageng Kedungsari teka marang panggonan kuwi lan tandhing karo Ki Watu Gede uga Ki Ageng Menawan. Tetandhingan kuwi uga ora ana sing menang, ora ana sing kalah. Pungkasane, entuk pasarujukan kanggo ngedum gajah kuwi dadi telu. Ki Ageng Menawan enthuk endhase, Ki Ageng Kedungsari nggawa awake lan Ki Watu Gede entuk bokong lan buntute.
Saka prastawa kuwi dadine ana kapercayan yen trahe Ki Ageng Menawan yaiku wong-wong sing waninan, trahe Ki Ageng Kedungsari yaiku wong-wong sing akeh rejekine lan trahe Ki Watu Gede yaiku wong-wong sing kangelan nggolek rejeki.
Mula saiki telung perangan gajah kuwi awujud watu-watu gedhe sing bisa katemokake ing Desa Kedungsari lan Desa Menawan ing Kecamatan Gebog, Kabupaten Kudus. Uga ana ing Desa Watu, Kecamatan Mayong, Kabupaten Jepara.

Saking :http://gidorw.dyndns-home.com/LEGENDA+MALIN+KUNDANG+DALAM+BAHASA+JAWA.html 
sumber kedua>> http://kumpulandongengjawa.blogspot.com

Read more »

Silahkan Tinggalkan Pesan dan Komentar Anda di sini... ; ) Terima Kasih atas Kunjungan Anda...

HARAP JANGAN PANGGIL SAYA "MAS" KARENA OWNER BLOG INI SEORANG WANITA