Showing posts with label B.jawaku mbiyen. Show all posts
Showing posts with label B.jawaku mbiyen. Show all posts

Wednesday, January 9, 2013

CONTOH BERITA BAHASA JAWA


Uwuh Numpuk Jalaran Armada Winates


Kamis, 03 January 2013 | 20:11 WIB
 
Uwuh Numpuk Jalaran Armada Winates


Ngayogyakarta, www.jogjatv.tv - Kathahipun  wisatawan  ingkang plesir dhateng Ngayogyakarta sadanguning libur natal lan warsa enggal, njalari uwuh numpuk dhateng depo sampah, satemah boten resep dinulu. Sinaosa kedah makarya kanthi tumemen, petugas kebersihan tetep kuwalahan ngresiki lan  momot uwuh dhateng tempat pembuangan akhir.
Libur natal lan libur warsa enggal,  tanggal sekawanlikur  Desember kalih ewu kalih welas, ngantos tanggal kalih Januari kalih ewu tiga welas, pranyata njalari atusan petugas kebersihan ing kota Yogyakarta boten saged ngaso. Liburan samangke kepara njalari kalih atus seketan petugas kebersihan saking badan lingkungan hidup makarya langkung sengkut, kangge njagi resiking kitha Ngayogyakarta saking tumpukan uwuh. Kathahing uwuh tilas pahargyan warsa enggal ing Malioboro, nggayuh langkung saking sedasa ton. Wondene uwuh sawewengkon  kota Yogyakarta, mindhak tikel tiga, saking kalih atus seket ton saben dinten. Kathahing uwuh, njalari badan lingkungan hidup kota Yogyakarta kuwalahan kangge momot. Winatesipun armada kangge momot uwuh, dados salah satunggaling pepalang, awit saking tigang dasa armada,  kalih dasa armada ing antawisipun sampun boten murwat. Kajawi trek sampun sepuh, awratipun bobot momotan, lampahing trek ugi kedah langkung dhateng margi margi mathis wewengkon kitha Ngayogyakarta ingkang tansaya dhedhel.
Kathahipun cacahing warga Ngayogyakarta, sarta wisatawan ingkang plesir ing wanci liburan, nambahi pakaryanipun blh kota Yogyakarta. Supados uwuh boten numpuk dangu lan boten nuwuhaken polusi, masyarakat dipun ajab nglempakaken uwuh lumantar depo utawi  kontainer ingkang dipun cawisaken dhateng saben wewengkon, satemah nggampilaken pakaryanipun petugas, lan uwuh saged cepet dipun momot dhateng  TPA

Read more »

Silahkan Tinggalkan Pesan dan Komentar Anda di sini... ; ) Terima Kasih atas Kunjungan Anda...

HARAP JANGAN PANGGIL SAYA "MAS" KARENA OWNER BLOG INI SEORANG WANITA