Monday, February 18, 2013

Tuladhane Tembung: GARBA, ENTAR, PARIBASAN, BEBASAN,SALOKA

Tembung Garba : Tembung loro sing digandheng, nanging suda wandane
Tuladha          : – Aneng     → ana         +  ing
- Dupyarsa         → dupi       +  arsa
- Jiwangga → jiwa        +  angga
- maharsi  → maha      +  resi
 Tembung Entar : Tembung kang tegese ora salugune
Tuladha          : – Abang kupinge = nesu
- Adol kringet     = nyambut gawe
- Cilik atine        = kuwatir, jirihan
- Jembar polatane        = pinter
 Paribasan : Unen-unen kang ajeg panggone, mawa teges entar, lan ora
ngemu surasa pepindhan.
Tuladha          : – Nyolong pethek                   = Ora cocog karo pangirane
- Kepara-kepere           = Pangedume ora padha
- Kepluk ora tombok   = Ngrasakake senenge ora cucul wuragad
- Ketula-tula ketali       = Tansah nandang sengsara
 Bebasan         : Unen-unen ajeg kang ngemu surasa pepindhan.
Tuladha          : – Nututi layangan pedhot      = Mbudidaya baline kahanan kang
wis ora becik.
- Ora ganja ora anus              = Wong kang rupa lan tumindak ala
- Mban cindhe, mban siladan = Pangrengkuhe ora padha.
- Dudu berase ditempurake   = Nyambung rembung sing ora
cocog karo bakuning rembung.
 Saloka  : Unen-unen kang gumathok, kang ngemu pepindhan.
Tuladha          :
- Tekek mati ulone                      = Wong cilaka marga rembuge dhewe
- Kemladheyan ngajak sempal    = Mitra kang ngajak rusak
- Kaya baladewa ilang gaphite    = Wong kang ora duwe kekuatan
- Pecruk tunggu bara                            = Wong ala dipercaya tunggu barang
Karemane

Silahkan Tinggalkan Pesan dan Komentar Anda di sini... ; ) Terima Kasih atas Kunjungan Anda...

HARAP JANGAN PANGGIL SAYA "MAS" KARENA OWNER BLOG INI SEORANG WANITA