Showing posts with label ukara. Show all posts
Showing posts with label ukara. Show all posts

Monday, February 18, 2013

URUT-URUTAN NULIS KARANGAN DESKRIPSI


URUT-URUTAN NULIS DESKRIPSI
  • Netepake objek kang bakal katulis
  • Nemtokake bates objek kajian
  • Observasi kanthi cermat lan tuntas
  • Gawe gambaran kanthi cetha *
  • Gawe reng-rengan apa kang arep dikembangke
  • Milih ukara kang pener kanggo nggambarake objek kanthi trep
  • Naliti panulisan supaya dadi tulisan kang trep

Read more »

URUT-URUTAN NULIS NARASI


URUT-URUTAN NULIS NARASI
  • Nemtokake tema karangan
  • Nemtokake tujuan karangan
  • Nglumpukake bahan-bahan karangan
  • Noto rantamaning karangan
  • Ngembangake rantamaning karangan

Read more »

TEGESE TULISAN/KARANGAN NARASI,ARGUMENTASI. DESKRIPSI, PERSUASI LAN EKSPOSISI

1. Narasi
Yaiku karangan utawa paragraf, utawa pada kang nyritakaké kedadéyan kanthi wektu utawa kedadén kang runtut saka wiwitan ngati pungkasan. Sok sapa sing maca paragraf  iki kaya-kaya nglakoni kaya déné kedadéyan kang ana jroning crita.
2. Argumèntasi
Yaiku karangan utawa paragraf  kang isiné ngenani panemu kanthi linambaran alesan-alesan kang mathuk.
3. Deskripsi
Yaiku paragraf utawa karangan kang isiné nggambaraké sawijining obyèk (bisa panggonan utawa wewujudan liyané) kanthi trewaca. Sok sapa kang maca paragraf iki kaya-kaya ngerti dhéwé obyèk kang digambaraké ana ing jroning paragraf iki.
4. Pèrsuasi
Yaiku paragraf utawa karangan kang isiné ngajak para pamaca supaya nglakoni apa kang dikandhakaké panulis.
5. Eksposisi
Yaiku paragraf utawa karangan kang isiné njlèntrèhaké nganti cetha terwaca.  Ana ing bab iki kang arep dirembug yaiku ngenani paragraf  narasi.

Read more »

Saturday, February 16, 2013

PEPAK BASA JAWA: TEGESE UNEN-UNEN SALOKA LAN TULADHANE

SALOKA

Saloka yaiku unen-unen ajeg panganggone ngemu surasa pepindhan kang dipindahake wonge.

Tuladha

Asu belang kalung wang : Wong ala (asor) ananging sugih bandha.
Asu gedhe menang kerahe : Luwih dhuwur pangkate, luwih gedhe panguwasane.
Ati bengkong oleh oncong : Wong duwe niat ala, ana sing nyarujuki, oleh dalan.
Baladewa ilang gapite : Ilang kekuatane.
Bathok bolu isi madu : Wong asor nanging sugih kepinteran.
Bebek mungsuh mliwis : Wong pinter mungsuh pinter, sijine kalah ubed utawa kalah trampil.
Belo melu seton : Melu anut grubyug nanging ora ngreti karepe.
Cebol nggayuh lintang : Gegayuhan kang mokal bisane kelakon.
Cecak nguntal empyak/cagak : Gegayuhan kang ora timbang karo kekuwatane.
Dhandhang diunekake kuntul, kuntul diunekake dhandhang : Ala diunekake becik, becik diunek-ake ala.
Dhemit ora ndulit, setan ora doyan : Tansah diparingi slamet.
Dom sumuruping banyu : Laku sesidheman kanggo nyumurupi wewadi.
Emprit abuntut bedhug : Prekara sepele dadi gedhe.
Endhas gundhul dikepeti : Wis kepenak isi dienak-enakake.
Gagak nganggo elaring merak : Wong asor (cilik) tumindak kaya wong luhur.
Gajah alingan suket teki : Lair lan batine ora padha bakal ketara.
Gajah ngidak rapah : Nerjang wewalere/janjine dhewe.
Gajah perang karo gajah kancil mati ing tengah : Wong gedhe pasulayan, wong cilik dadi kurban.
Gong lumaku tinabuh : Wong sing kumudu-kudu ditakoni, dijaluki piwulang.
Idu didilat maneh : Menehi dijaluk bali (murungake janji kang wis diucapake).
Iwak klebu ing wuwu : Wong sing kena apus kanthi gampang.
Jati ketlusuban ruyung : Kumpulane wong becik kelebon wong ala tumindake.
Jaran kerubuhan empyak : Wis kapok banget.
Kacang ora ninggal lanjaran : Pakulinane anak lumrahe niru wong tuwa.
Kebo bule mati setra : Wong pinter nanging ora ana kang merlokake.
Kebo ilang tombok kandhang : Wis kelangan, isih ngetokake wragat kanggo nggoleki.
Kebo kabotan sungu : Rekasa jalaran kakehan anak.
Kebo mulih ing kandhange : Wong lunga wis suwe, bali ing omahe maneh.
Kebo nusu gudel : Wong tuwa njaluk warah marang wong enom.
Kere munggah bale : Wong didadekake wong luhur.
Kethek saranggon : Sagrombolan wong tumindak ala.
Klenthing wadhah masin : Angel ninggalake pakulinan ala.
Kriwikan dadi grojogan : Prekara cilik dadi ngambra-ambra(gedhe).
Kutuk marani sunduk : Njarag marani bebaya.
Lahang karoban manis : Rupane ayu/bagus tur ya apik bebudene.
Lambe satumang kari samerang : Dituturi bola-bali tetep ora nggugu.
Legan golek momongan : Kepenak malah golek rekasa.
Opor bebek mentas awake dhewek : Rampung saka dayane dhewe.
Palang mangan tandur : Dipercaya malah gawe rusak
Pecruk tunggu bara : Dipasrahi tunggu sing dadi kesenengane.
Pitik trondhol diumbar ing pedaringan : Wong ala dipasrahi nunggu barang pengaji, wekasan malah ngentek-enteki.
Satru munggwing cangklakan : Mungsuh wong sih isih sanak sedulur.
Sumur lumaku tinimba : Wong sing kumudu-kudu ditakoni.
Tekek mati ulone : Nemu cilaka jalaran saka guneme dhewe.
Tumbu oleh tutup : Wis cocog banget.
Timun mungsuh duren : Wong cilik mungsuh wong kang duwe panguwasa.
Timun wungkuk jaga imbuh : Wong bodho kanggone mung yen kekurangan wae.
Tunggak jarak mrajak, tunggak jati mati : Prakara ala ngabra-ambra, prekara becik mung kari sethithik.
Yuyu rumpung mbarong ronge : Omahe magrong-magrong, sejatine kekurangan.

Read more »

PEPAK BASA JAWA: TEGESEUKARA "BEBASAN" LAN TULADHANE

BEBASAN
Bebasan yaiku unen-unen ajeg panggone ngemu surasa pepindan kang dipindahake sifate utawa kahanane wong.

Tuladha

Adol lenga kari busik : Andum barang marang wong liya nanging awake dhewe malah ora keduman.
Aji godhong jati aking (garing). : Asor banget, ora ana ajine.
Ancik-ancik pucuking eri : Uripe tansah kuwatir.
Anggenthong umos : Ora bisa nyimpen wadi.
Angon ulat ngumbar tangan : Ngulatake kahanan jalaran arep gelem rekasane.
Arep jamuare emoh watange : Gelem kepenake nanging ora gelem rekasane.
Diwenehi ati ngrogoh rempela : Diwenehi ananging isih kurang trima, njaluk maneh.
Dikena iwake aja nganti bitheg banyune : Kaleksanan panjangkane nanging ora gawe kapitunan.
Emban cindhe emban siladan : Ora adil (pilih kasih).
Esuk dhele sore tempe : Ora teteg atine, gampang molah malih.
Gawe luwangan ngurugi luwangan : Golek utangan kanggo nyaur utang.
Golek-golek ketanggor wong luru-luru : Golek utangan malah diutangi.
Gupak pulud ora mangan nangkane : Melu rekasa ora ngrasakake kepenake.
Njagakake endhoge si blorok : Njagakake barang kang durug mesthi ana.
Kadang konang : Sing diaku sedulur mung sing sugih.
Ketepang ngrangsang gunung : Gegayuhan sing mokal bisane kelakon jalaran kegedhen pejangka/kekarepan.
Kaya banyu karo lenga : Paseduluran sing ora bisa rukun.
Kakehan gludhug kurang udan : Kakehan omong nanging ora ana nyatane.
Kebanjiran segara madu : Oleh kabegjan kang gedhe.
Kegedhen empyak kurang cagak : Kegedhen panjangka kurang srana.
Kajugrugan gunung menyan : Oleh kabegjan kang gedhe.
Kekudhung walulang macan : Tumindak kanthi aling aling wong duwe panguwasa.
Kerot tanpa untu : Duwe kakarepan ora duwe sarana.
Kerubuhan gunung : Nemu kesusahan.
Kongsi jambul wanen : Nganti tuwa banget.
Madu bolu tanpa isi : Rebutan barang sepele.
Mrojol selaning garu : Wong kang luput saka bebaya.
Nglungguhi klasa gumelar : Mung kari nemu kepenake.
Ngubak-ubak banyu bening : Gawe rusuh ana ing papan kang wis tentrem.
Nguthik-uthik macan dhedhe : Gawe nesu wong kang wis lilih atine.
Nguyahi segara : Weweh marang wong sugih, saengga tanpa guna.
Nututi layangan pedhot : Nggoleki barang sepele, yen ketemu ora sumbut karo rekasane.
Nyugokake bugel kayu sempu : Njagokake wong kang ora pinter, jalaran isih sedulur.
Othak athik didudut tugel : Omongane sajak kepenak jebul angel ladenane.
Ora uwur ora sembur : Ora gelem cawe-cawe menehi pawitan apa-apa.
Pandengan karo srengenge : Mungsuhan karo wong sing duwe panguwasa.
Rebut balung tanpa isi : Padudon jalaran barang sepele.
Rindhik asu digitik : Nindakake pegawean kang cocog karo karepe.
Sandhing kebo gupak : Cedhak karo wong ala, nanging ing batin isih kepengin nglakoni.
Sedhakep angawe-awe : Ninggalake tumindak ala, nanging ing batin isih kepengin nglakoni.
Suduk gunting tatu loro : Nindakake pegawean sawarna, ananging asile luwih saka siji.
Wis kebak sundukane : Wis akeh banget dosa kaluputane.
Yiyidan mungging rampadan : Biyene wong durjana/culika, saiki dadi wong sing alim.

Read more »

Silahkan Tinggalkan Pesan dan Komentar Anda di sini... ; ) Terima Kasih atas Kunjungan Anda...

HARAP JANGAN PANGGIL SAYA "MAS" KARENA OWNER BLOG INI SEORANG WANITA